PITIK LAN BEBEK
Ing sawiji dina ana Pitik lagi diwenehi pakan dening
sing duwe. Lagi enak-enake Pitik mangan, liwat Bebek mlaku megal megol. Bebek
sing weruh Pitik lagi mangan, banjur takon marang Pitik “Tik, kowe lagi mangan
apa ta? Kok, kayake enak.” Jawabe Pitik marang Bebek “iki lho, aku lagi mangan
dedak.” Ora ngomong apa-apa Bebek banjur nyosor melu mangan pakane Pitik. Pitik
ora trima amarga Bebek ora ngomong disik, akhire Pitik dadi nyeneni Bebek,
banjur ra tau gelem dolan bareng Bebek.
Ora let suwe saka kedadean kuwi, Bebek dolan menyang
omahe Mentog, teka kana Mentog karo anak-anakke lagi mangan dedak. Pada karo
kedadeane Pitik, Bebek langsung nyosor bae, melu mangan dedak pakanane Mentog.
Malah pakanane Mentog langsung entek
dening Bebek, anak-anakke Mentog langsung pada nangis amarga pakanane
entek. Mentog banjur nesu marang Bebek. Nanging Bebek ora jaluk apura malah
langsung lunga.
Awit saka kedadeane Pitik lan Mentog, kabeh warga desa
iku dadi nyeneni Bebek. Saiki Bebek wis ra duwe kanca maneh, wis ra ana sing
gelem didolani Bebek. Bebek nelangsa banjur mlaku marang kali kang ana ing
wetan desa. Ing kana Bebek ketemu karo ibu e kang lagi ngadusi adhi-adhine. Ibu
e Bebek takon “bek, kok kowe ora dolan karo kancamu? Kok malah marang kene.”
Jawabe Bebek “aku nelangsa bu, saiki kanca-kancaku pada ora gelem dolanan karo
aku.” Takone Ibu malih “lha, kowe nakal si marang kanca-kancamu. Jare Mentog
gek wingi kowe melu-melu mangan pakane Mentog ora ngomong disik, banjur entek
ning kowe.” Jawabe Bebek “Nggih bu.” Pawelinge Ibu “mulane bek, dadi bocah kuwi
sing sopan, aja rakus. Nek kepengin pakane kancane ya ngomong. Nek diwenehi aja
ngentek-enteke. Malah nek bisa kowe sing aweh marang kanca-kancamu.” Jawab
Bebek “Nggih bu.”
Sawise diomongi Ibu, Bebek dadi sadar nek deweke kuwi
salah mulane kancane pada ora gelem dolan bareng. Bebek banjur mlayu buru
kanca-kancane. Banjur jaluk apura, lan ngomong bakal ora ngulang maneh. Maune
kanca-kancane durung gelem aweh apura, nanging sue-sue kancane pada precaya
maneh marang Bebek lan aweh apura. Bebek saiki wis duwe kanca maneh, wis dolan
bareng kanca-kancane maneh. Malahan saiki Bebek wis apikan, nek Bebek lagi
diwenehi pakan dening sing duwe, Bebek nyeluk kanca-kancane dikon mangan
bareng. Kanca-kancane Bebek pada seneng kabeh, amarga Bebek saiki wis bener
maneh, ora nakal kaya winginane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar